KATA PENGANTAR
Puji syukur dumateng gusti ingkang moho kuwaos, ingkang sampun paring rahmat, hidayah, saha inayahipun dumateng kula, saenggo kula saget ndamel karya tulis jawa ingkang irah-irahanipun “ KIRAB BUDAYA LAN PERTI DUSUN SRIKATON DESA NGABLAK “kanthi lancar tanpa alangan satunggal punapa. Alasan kula ndamel karya tulius menika nunninjih kagem anyekapi tugas mata pelajaran bahasa jawa, lan kagem gladen sale ngginakaken bahasa jawa krama.
Karya tulis punika tebih saking kasampurnan, pramila saking punika kula nyuwun saran soho kritik saking saking guru ingkang ngasto mata pelajaran bahasa Jawa serta para pamaos sedaya. Nuwun.
Ngluwar, 2010
Dening
Danik Nurul Hidayah
BAB I
PENDAHULUAN
A. Latar Belakang.
Kirap budaya lan parti dusun meniko salah stunggaling adat istiadat wonten dusun Srikaton desa ngablak ingkang dipun kalaksanaaken saben satunggal tahun sepindah. Mliginipun tanggal 15 Sapar.
Alasan kula mendet adat kirab budaya lan perti dusun menika, keranten adat menika mboten dipun laksanaaken kalian dusun-dusun sanesipun.
B. Ancasan / Tujuan.
Ancasan penyusun mendet adat menika inggih puinika:
1. Kagem mangertosi kados pundi prosesi acara kirab kasebat.
2. Kagem maringi seserepan dumateng masyarakat, asal usulipun kirab lan perti dusun kasebat.
3. Maringi perso dumateng masyarakat umum, bilih wonten acara kirab budaya lan perti dusun wonten ing dusun Srikoton desa Ngablak.
4. Supados saget nglestantunaken adat kasebat.
C. Batasan Masalah.
Keranten keterbatasan wekdal soho tenogo, sahinggo kulo batasi ingkang badhe dipun kulo rembag wonten karya tulis meniko, imggeh puniko:
1. Menapa ingkang dipun wastani kalian kirab budaya?
2. Menapa ingkang dipun wastani kalian parti dusun.
D. Metode.
Metode ingkang kulo ginakaken inggeh punika:
Wawan pirembagan. Wawan pirembagan menika kula laksanakaken kanti cara tanglet kalian para sesepuh desa saha warga masyarakat dusun srikaton ingkang sami mangertos asal usulipun saha tata cara sarto ubo rampe ingkang dipun ginakaken wonten upacara perti dusun kasebat.
BAB II
A. Parti Dusun.
1. Persipan.
Acara persiapan menika dipun wiwiti saking tanggal 29 januari dumugi tanggal 30 januari.
Persiapan tanggal 29 januari.
a. Reresik dusun srikaton mliginipun pangenan ingkang dipun
ginakaken kangge acara kasebat.
b. Nyembelih mendo.
Mendo menika dipun sembelih dinten jum’at.
c. Pasang tratak.
Ingkang dipun tindakaken kalihan kadang anem.
d. Pasang sepanduk-sepanduk saking para seponsor.
e. Masak-masak.
Inggih punika masak-masak sedaya ingkang dipun kaperlokaken wonten acara kasebat.
1. Persiapan tanggal 30 Januari
a. Ndamel panggung – panggung kagem pagelaran seni ( jatilan,
wayang topeng ireng )
b. Ndamel teladan – teladan ( lemper, resoles, dll )
c. Ba’da magrib ndamel gunungan lan tumpeng wonten ndalemipun
bapak semin sale ndamel gunungan dipun wiwiti tabuh 15.00 wib
d. Ndamel sesaji kagem sendang. Ingkang dipun damel wonten
dalemipun bapak muh rohmad. Sesaji menika jumbuhaken kalian
panyuwunipun danyang sendang kasebat.
2. Pelaksanaan
Malam sabtu tanggal 30 januari tabuh 22.30 wib, mbeto sesaji sendang lan makam wonten ing makam Kyi Kasan Kasemin wonten ing nglampeyan.
Sesaji menika antawisipun :
- Gedang Raja
- Tigan ayam kampung + Beras
- Dupa
- Kemenyan
- Kembang talon + Kembang setaman
- Jenang abang putih
- Ayam ingkung
- Umpluk kendi
- Sego tumpeng
- Gudangan
- Wedang teh, kopi, putih
- Udut serutu
- Tonto, keper, krupuk
- Jajanan pasar
- Lilin abang putih
- Kasil panen
- Duwit wajib
Persiapan sale badhe kirab budaya ngantos dumugi tabuh 08.00 wib. Acara kirab menika dipun wiwiti tabuh 09.00 dumugi makam lampeyan tabuh 09.30. Lajeng ngadani prosesi nabur sekar wonten ing sendang sumur gumuling dipun lajengaken nanem pohon ringin kalian pohon kenongo wonten ing sak pinggireng sendang ingkang sejatosipun nggadahi simbul tulodha bilih masyarakat srikaton lan sekitaripun kedah nyengkuyung anggenipun nglestantonaken wono mliginipun supados tuk sendang sumur gumuling menika tetep lestantun dumugi putra wayahipun. Sak lajengipun dipun adani mendet toyo suci wonten ing makam Kyai Kasan Kasemin ingkang sejatosipun panjenenganipun tumenggung wonten ing kraton Yogyakarta. Acara salajengipun ingih puniko wangsul wonten ing dusun srikaton. Dumugi dusun Srikaton tabuh 11. 30 wib. Lan dipun lajengaken kalian pagelaran seni ingkang dipun gelar antawisipun : Tari gambyong parianom, Jatilan, Topeng ireng, wayangan, wonten ing pegelaran seni wayang puniko mbetahaken sesaji, sesaji menika antawisipun : Tumpeng, Kelapa, Tonto/keeper/krupuk, teh, gula jawa, umpluk kendi , beras, pari, suroh, gudangan, jajanan pasar, tempe, lemper, kembang talon, menyan, rokok, mori, kaca, jungkat, lawe, duit wajib, lan kasil panen. Lajeng wonten Organ tunggal, ingkang dipun kajengaken pagelaran wayang kulit malih dumugi tabuh 04.00, pagelaran wayang kulit punika kagem pratanda bilih acara kirab budaya lan perti dusun punika sampun dipun pungkasi wonten ing wedal punika.
3.Makna Sesaji
Bunga Setaman
a. Mawar
Supados masyarakat tetep kekar
b. Kantil
BAB III PENUTUP
A. Kesimpulan
Acara kirab budaya lan perti dusun wonten ing dusun srikaton punika sejatinipun anggadahi ancasan kagem nglestantunaken budaya lan lingkungan supados warga masyarakat srikaton punika pikantuk kesejahteraan lan keselamatan.
B. Saran
Supados kita kadang anem waget nglestantunaken budaya – budaya ingkang sampun wonten. Lan ampun ngantos ngicalaken budaya – budaya kasebat, ananging kita umat muslim tetep kedah saget misahaken perkawis ingkang musrik lan kewajiban nglestantuaken budaya kasebat.
KIRAB BUDAYA LAN PERTI DUSUN DUSUN SRIKATON
DESA NGABLAK
Dening :
Nama : Danik Nurul Hidayah
Kelas : XII – 153
No : 10
PEMERINTAH KABUPATEN MAGELANG
DINAS PENDIDIKAN
SMA NEGERI I NGLUWAR
Tahun Pelajaran 2009 / 2010
LAMPIRAN

Posting Komentar